4. Atine wong kang kurang pikiran bakal bisa nenimbang,sarta ilate wong kang groyok bakal bisa celathu cetha.
5. Wong gemblung ora bakal kaaranan maneh wong kang abudi luhur,lan wong culika ora bakal diarani wong luhur.
6. Sabab wong gemblung bakal mratelakake gemblunge,tuwin atine ngrancang prakara kang ala,yaiku sumedya murtadsarta ngandhakake bab kang nasarake tumrap Pangeran Yehuwah,ora mreduli marang kothonging wetenge wong keluwenlan marang wong kang ngelak butuh ngombe.