Yesaya 32:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Lah bakal ana ratu kang ngasta paprentahan kalawan adil,apadene para pemimpin bakal mimpin kalawan jujur,

2. tuwin sawiji-wijine bakal kayadene papan pangauban samangsa ana anginsarta papan pangayoman samangsa ana prahara,kayadene ilen-ilen banyu ing papan kang garing,kayadene aube watu kang gedhe ing tanah kang ngenthak-enthak.

3. Mripate wong kang padha ndeleng bakal ora diremake maneh,lan kupinge wong kang padha krungu bakal nggatekake.

Yesaya 32