3. Amarga wong Mesir iku manungsa, dudu Allah,lan jaran-jarane iku makhluk kang ringkih,dudu roh kang kadunungan pangwasa.Manawa Pangeran Yehuwah ngacungake astane,kang mbiyantu banjur keplesedlan kang dibiyantu nuli tiba,sarta kabeh tumuli padha tiwas bebarengan.
4. Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku:“kayadene singa utawa singa enom kang gereng-gereng ngukuhi memangsane,lan ora kaget krungu gembar-gembore pangon sagolongan kang dikumpulake arep nglawan,sarta ora mundur dening ramene,iya mangkono bakal tumedhake Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadilan banjur perang ngekahi gunung Sion lan tenggere.
5. Kayadene manuk kang mabur kekablak, ngayomi susuhe,iya mangkono anggone Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngayomi Yerusalem,ngayomi lan paring pangluwaran,rumeksa lan ngedohi bilai.”
6. He wong Israel, padha mratobata marang Panjenengane, kang wus koktinggal nganti adoh!
7. Lah ing dina iku sawiji-wijining panunggalanmu bakal mbuwangi brahala-brahalane salaka lan brahala-brahalaning emas kang digawe dening tanganmu dhewe kalawan kebak dosa.
8. Asyur bakal ambruk dening pedhang, nanging dudu pedhanging wong,lan bakal kamangsa dening pedhang nganti gusis,nanging dudu pedhanging manungsa,sarta bakal keplayu nyingkiri pedhang,tuwin wonge nom-noman bakal padha dadi kuli wajib.
9. Kang ngayomi bakal sirna marga saka giris,sarta panggedhening perang bakal kagetbanjur lumayu ninggal genderane,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwahkang kagungan geni ana ing Sion lan pawon ana ing Yerusalem.