24. Apa saben dina wong iku anggone mluku,maculi lan nggaru tanahe kang bakal disebari wiji?
25. Apa ora sawise tanahe karata,anggone ngratakake jinten ireng lan nyebar jinten putih,nguluri gandum juwawut lan sairsarta wiji kusemet ana ing pinggire?
26. Bab adat pakulinan wus kaparingan piwulang,lan pituduh dening Allahe.
27. Amarga jinten ireng ora karontogake nganggo piranti pangrontogan,lan rodhaning grobag ora kanggo nggiles jinten putih,nanging jinten ireng karontogan kanthi patrap digedhig kalawan watang,lan jinten putih kalawan gebug.