Yesaya 28:14-19 Kitab Sutji (JAV)

14. Mulane rungokna pangandikane Sang Yehuwah,he para wong kang padha seneng nenacad,he para wong kang mrentah rakyatkang ana ing Yerusalem iki!

15. Ing sarehne kowe wus padha ngucap:“Aku wus padha nganakake prajanjian karo pati,lan karo jagading patiaku wus padha nganakake pasarujukan;sanadyan cemethi acethar-cether seru,ora bakal ngenani aku kabeh;amarga si goroh wus padha dakdadekake pangayomanku,sarta aku padha asingidan ana ing doracara,”

16. mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:“Lah Ingsun mrenahake ana ing Sionsawijining watu, watu kang wus ketitik becik minangka tetales,watu pepojok kang larang, tetales kang santosa:sing sapa pracaya, ora bakal goreh!

17. Lan kaadilan bakal Sundadosake tali ukuran,sarta kabeneran Sundadekake tali panyipat;udan watu bakal nyirnakake pangayoman goroh,tuwin banyu gedhe bakal nglarudake pandhelikan.”

18. Prajanjianmu kalawan pati bakal kasuwak,lan pasarujukanmu kalawan jagading wong mati ora bakal terus tumindak;manawa cemethi acethar-cether seru,kowe bakal padha remuk kaidak-idak.

19. Kaping pira bae anggonira teka,kowe bakal padha kaseret,sabab iku bakal teka saben esuk,ing wektu awan lan ing wektu bengi;sarta mangreti marang pangandika kang dirungu ikuateges mung pagiris thok.

Yesaya 28