Yesaya 26:4-11 Kitab Sutji (JAV)

4. Padha kumandela marang Sang Yehuwah ing salawase,awit Sang Yehuwah Allah iku gunung parang kang langgeng.

5. Amarga Panjenengane kang wus ngesorakekang padha manggon ing papan kang dhuwur;kutha-beteng wus kaendhekake,diendhekake nganti tekan ing lemahbanjur kaglimpangake ing lebu.

6. Wasana bakal kaidak-idaking sikile para wong sangsaralan tlapakaning sikile para wong kang ringkih.”

7. Marginipun tiyang leres punika lurus,amargi Paduka ingkang miwitinglencengaken marginipun.

8. Dhuh Yehuwah, kawula ugi sami ngantos-antostitimangsa anggen Paduka nindakaken pangadilan;kareman kawula sadaya punikanyebut asma Paduka saha ngenget-enget Paduka.

9. Kalayan gumolonging nyawa anggen kawula kangen dhumateng Paduka ing wanci dalu,ugi kalayan gumolonging manah anggen kawula ngupadosi Paduka ing wanci enjing;awit manawi Paduka rawuh ngadili bumi,ingkang manggen ing jagad sami badhe sinau kaleresan.

10. Saupami tiyang duraka kaparingan sih-palimirma,boten badhe sinau punapa ingkang leres;piyambakipun badhe nindakaken kaculikan wonten ing nagari ingkang migunakaken angger-angger,saha boten badhe ningali kamulyanipun Sang Yehuwah.

11. Dhuh Yehuwah, asta Paduka kaayataken,nanging sami boten sumerep.Kajengipun sami nyumerepi butajengan Paduka margi saking umat Padukatuwin kajengipun sami nandhang wirang!Kajengipun sami kamangsa ngantos telasdening latu ingkang nyirnakaken mengsah Paduka!

Yesaya 26