Yesaya 25:7-12 Kitab Sutji (JAV)

7. Lan ana ing gunung kene Sang Yehuwah bakal nyuwek-nyuweksandhangan bagor kang kaenggokake marang sakehing suku bangsalan kemul kang dikemulakemarang sakehing para bangsa.

8. Panjenengane bakal ngicali pati ing sateruse;tuwin Pangeran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakehing rai;sarta kawirangane umate bakal kaedohakesaka ing salumahing bumi,awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.

9. Ing wektu iku bakal ana wong kang celathu:“Iki sanyata Gusti Allah kita,kang kita anti-anti, supaya kita kaganjar slamet.Iya iki Sang Yehuwah kang kita anti-anti;ayo kita padha surak-surak lan suka-sukamarga saka pangluwaran kang kaparingake!”

10. Marga astane Pangeran Yehuwah bakal ngayomi gunung iki,nanging Moab bakal kaidak-idak ana ing panggonane dhewe,kayadene dami kang kaidak-idak ing luwang rereged.

11. Manawa Moab ngegarake tangane ana ing jeronekaya patrape wong nglangi kang ngegarake tangane supaya bisa nglangi,Sang Yehuwah banjur bakal ngesorake kumlungkungedalasan sakehe pambudi-dayane.

12. Uwat-uwating tembokmu kang dhuwurbakal kaebrukake lan karubuhake,sarta kaglimpangake ing lemah lan lebu.

Yesaya 25