9. Pangeran Yehuwah Gustining para tumitah kang wus damel putusan mangkonokanggo nyirnakake piangkuh,kanggo ngesorake sakehe kang endahlan sakehe wong mulya ing bumi.
10. Garapen pategalanmu kaya kang ana ing pinggiring bengawan Nil, he putri Tarsis,panggonan-panggonan kanggo ndandani kapal wus ora ana!
11. Pangeran Yehuwah wus ngayatake astane marang ing sagaralan damel karajan-karajan padha gumeter;Panjenengane wus dhawuhsupaya bettenge Kanaan padha kasirnakake.
12. Sarta wus ngandika:“Sira ora bakal bungah-bungah maneh,he prawan kang wus karusak, he putri Sidon!Ngadega, ngungsia marang wong Kitim!Ana ing kono uga bakal ora ana panggonan kang nyenengake tumrap sira.”
13. Delengen nagarane wong Kasdim! Iya bangsa iku kang nindakake mangkono, dudu wong Asyur. Iku kang padha ngulungake Tirus marang kewan-kewan ing ara-ara samun; iku wus padha ngedegake menara-menara pangepungan lan wus nggempur puri-purining kutha iku sarta ndadekake gempuran kutha iku.
14. Sesambata, he kapal-kapal Tarsis,sabab betengmu wus karusak.
15. Ing nalika iku Tirus bakal ora dielingi pitung puluh taun lawase, padha karo yuswaning ratu. Sawuse pitung puluh taun, Tirus bakal ngalami apa kang tumanduk marang wanita tunasusila kang kamot ing kekidungan iki: