11. Pangeran Yehuwah wus ngayatake astane marang ing sagaralan damel karajan-karajan padha gumeter;Panjenengane wus dhawuhsupaya bettenge Kanaan padha kasirnakake.
12. Sarta wus ngandika:“Sira ora bakal bungah-bungah maneh,he prawan kang wus karusak, he putri Sidon!Ngadega, ngungsia marang wong Kitim!Ana ing kono uga bakal ora ana panggonan kang nyenengake tumrap sira.”
13. Delengen nagarane wong Kasdim! Iya bangsa iku kang nindakake mangkono, dudu wong Asyur. Iku kang padha ngulungake Tirus marang kewan-kewan ing ara-ara samun; iku wus padha ngedegake menara-menara pangepungan lan wus nggempur puri-purining kutha iku sarta ndadekake gempuran kutha iku.
14. Sesambata, he kapal-kapal Tarsis,sabab betengmu wus karusak.
15. Ing nalika iku Tirus bakal ora dielingi pitung puluh taun lawase, padha karo yuswaning ratu. Sawuse pitung puluh taun, Tirus bakal ngalami apa kang tumanduk marang wanita tunasusila kang kamot ing kekidungan iki:
16. “Nggawaa clempung,ngubengana kutha,he wanita tunasusila kang wus ora kaelingan!Unekna kang apik,sesindhena kang warna-warna,supaya kowe dielingi ing wong.”
17. Lan sawuse kliwat pitung puluh taun, Sang Yehuwah bakal nggalih marang Tirus, satemah banjur tampa opahing kanisthane maneh, lan banjur bakal tumindak nistha maneh karo sakehing karajan ing salumahing bumi.
18. Babathene lan opahing kanisthane bakal suci kagem Sang Yehuwah, ora bakal diendheg utawa disimpen, nanging bebathene iku bakal kanggo nganakake pangan kang cukup lan sandhangan kang endah kanggo para wong kang padha manggon ing ngarsaning Yehuwah.