Yesaya 23:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Wangsit tumrap Tirus.Ngadhuh-adhuha, he kapal Tarsis,sabab Tirus wus rusak,omahmu utawa pelabuhanmu wus ora ana!Nalika isih padha ana ing nagarane wong Kitimbab iku wus disumurupake.

2. Padha dheleg-dhelega, he kang padha manggon ing pasisir,he sudagar Sidon,kongkonamu padha nyabrang ing sagara,lan lelayar ing samodra gedhe;

3. barang-barang kang dilebokake marang Sidon yaiku gandum saka ing Sihor,lan pametune wilayah Nil,satemah kutha iku dadi pasar kanggo para bangsa.

4. Nandhanga wirang, he Sidon, sabab sagara,betenge sagara, celathu mangkene:“Aku ora tau uwat lan ora tau manak,aku ora tau nggulawenthah jejakalan ora tau ngopeni prawan-prawan.”

5. Samangsa kabar bab Tirus iku tekan ing Mesir,wong-wong bakal padha gumeter krungu bab iku.

6. Padha ngungsia menyang ing Tarsis,padha sesambata, he kang padha manggon ing tanah pasisir!

7. Iki apa kuthamu kang sumyak-sumyak,kang asale saka ing jaman kuna?Wonge wus padha lunga menyang ing panggonan kang adohlan dadi wong neneka ana ing kana.

8. Sapa kang mutus mangkene ikitumrap Tirus, kutha kang tau ngganjar makutha,kang sudagar-sudagare para panggedhelan wong-wonge kang dagang para wong mulya ing bumi?

Yesaya 23