Yesaya 17:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Wangsit tumrap Damsyik.Sanyata Damsyik ora bakal lestari dadi kutha,mengko bakal dadi tumpukan jugrugan;

2. kampung-kampunge bakal disuwungake ing salawaselan bakal dadi papan kanggo pepanthaning raja kaya,kang mlegung kalawan ora karidhu ing sapa-sapa.

3. Efraim bakal kelangan beteng-betenge,lan pangwasaning karajan bakal sirna saka ing Damsyik,uga kekarene Aram bakal sirna kabehpadha kaya kamulyane wong Israel,mangkono pangandikane Sang Yehuwah,Gustining sarwa tumitah.

4. Ing wektu iku kamulyane Yakub bakal suda,lan kemakmurane bakal susut;

5. kaanane kaya gandum kang digegem arep dienenilan tangane methiki wewulen,utawa kaya wewulen kang dipethik ing wongana ing lembahe wong Refaim.

6. Iku bakal ana turahane kanggo asagankaya nalika wong ngerog woh jaitun,ana siji loro kang kari ing pucuke,lan ana sawatara ing pang-pange,mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.

7. Ing wektu iku manungsa bakal mandeng marang Panjenengane kang nitahake, lan mripate bakal nyawang marang Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel;

8. ora bakal mandeng marang misblyah-misbyah gaweane tangane dhewe, lan ora bakal nyawang marang garapaning tangane, yaiku tugu-tugu brahala lan padupan-padupan.

Yesaya 17