10. Wus sirna kabungahan lan surak-suraksaka ing kebon wowohan;wus ilang saka ing kebon-kebon anggurswara giyak-giyak lan surak-surak;wus ora ana kang ngidak-idak ing papan pameresan,anggone sumyak-sumyak wus leren.
11. Awit saka iku kaya dene cumengkling ing clempung,iya kaya mangkono panjeriting atiku ndeleng kaanane Moab,lan batinku rontog nyumurupi kaanane Kir-Heres.
12. Mulane sanadyan Moab ngibadahlan dilabuhi ngrekasa banget ana ing tengger pangurbananlan lumebu ing pasucene prelu ndedonga,ora bakal oleh apa-apa.
13. Yaiku pangandika kang kalairake dening Sang Yehuwah bab Moab ing wektu kepungkur.