Yesaya 14:5-14 Kitab Sutji (JAV)

5. Pangeran yehuwah wus mutung gitike para wong duraka,tuwin gadane para wong kang ngereh,

6. kang nggebugi para bangsa kalawan nepsu,tanpa kendhat;kang ngidak-idak para bangsa kalawan bendutanpa leren.

7. Salumahing bumi wus ayem lan tentrem;wong-wong padha bungah-bungah lan surak-surak.

8. Uga wit beros lan wit eres ing Libanonpadha bungah marga kowe wus ambruk, pangucape:‘Wiwit titimangsa kowe ambruk gumlinting;ora ana wong maneh kang munggah negor aku kabeh!

9. Jagade wong mati kang ana ing ngisor kalawan gumeteranggone mapag tekamu;arwah-arwah padha kagugah marga saka kowe,yaiku sakehe tilas panggedhe ing bumi;sakehe tilas ratuning para bangsapadha diwungu saka ing dhampare.

10. Iku kabeh wiwit padha aruh-aruhlan ngucap marang kowe:‘Kowe iya wus dadi apes kaya aku kabeh,wus dadi padha kaya aku kabeh!

11. Kaluhuranmu wus kaudhunake marang ing jagade wong matikaro swarane slukatmu;kowe alemek singgat,lan akemul eset.’ ”

12. “Adhuh, kowe wus tiba saka ing langit,he lintang Panjer-Esuk, anake bangbang wetan,kowe wus kapecah lan tiba ing bumi,he, kowe kang ngalahake para bangsa!

13. Kowe kang maune ngunandika:Aku arep munggah menyang ing langit,aku arep ngedegake dhamparkuana ing sadhuwure lintang-lintange Gusti Allah,lan aku arep lungguh ing gununging pasamuwan,ing sisih lor adoh.

14. Aku arep mumbul nganti ngungkuli mega,arep madhani Kang Mahaluhur!

Yesaya 14