1. Amarga Pangeran Yehuwah bakal paring sih-kawelasan marang Yakub lan bakal milih Israel maneh lan bakal marengake padha dedunung ana ing tanahe, banjur wong bangsa liya bakal padha awor lan manunggal karo tedhake Rama Yakub.
2. Bangsa-bangsa liya bakal padha ngeterake Israel mulih menyang ing panggonane, turune Israel banjur bakal ndarbeni bangsa-bangsa iku kadadekake batur lanang lan batur wadon ana ing tanahe Pangeran Yehuwah. Kaya mangkono dadine bakal padha nawan wong-wong kang maune padha nawan sarta bakal ngwasani kang maune padha nindhes.
3. Ing dinane Sang Yehuwah mungkasi kasangsaranmu lan kabingunganmu sarta anggonmu padha nindakake pagawean kanthi peksan kang abot kang kudu padha koktindakake,
4. ing kono kowe bakal nglairake pamoyok tumrap ratu ing Babil lan celathu:“Wah, wus tumeka ing wekasane wong kang nindhes,wus tumeka ing wekasane wong kang ambek siya iku!
5. Pangeran yehuwah wus mutung gitike para wong duraka,tuwin gadane para wong kang ngereh,
6. kang nggebugi para bangsa kalawan nepsu,tanpa kendhat;kang ngidak-idak para bangsa kalawan bendutanpa leren.