1. Amarga Pangeran Yehuwah bakal paring sih-kawelasan marang Yakub lan bakal milih Israel maneh lan bakal marengake padha dedunung ana ing tanahe, banjur wong bangsa liya bakal padha awor lan manunggal karo tedhake Rama Yakub.
2. Bangsa-bangsa liya bakal padha ngeterake Israel mulih menyang ing panggonane, turune Israel banjur bakal ndarbeni bangsa-bangsa iku kadadekake batur lanang lan batur wadon ana ing tanahe Pangeran Yehuwah. Kaya mangkono dadine bakal padha nawan wong-wong kang maune padha nawan sarta bakal ngwasani kang maune padha nindhes.