Yesaya 10:24-27b Kitab Sutji (JAV)

24. Mulane mangkene pangandikane Pangeran, Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah: “He umatingSun kang manggon ing Sion, aja wedi marang Asyur, manawa iku nggebug sira kalawan gada lan menthung sira kalawan penthunge, kaya kang ditindakake Mesir biyen.

25. Amarga sadhela engkas dukaningSun marang sira bakal sirep, lan bebenduningSun bakal njalari sirnane.

26. Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngrangket bangsa iku kalawan cemethi, kayadene anggone ngrangket Midian ana ing gunung parang Oreb, lan ngungkulake lantarane ing sadhuwure sagara Teberau lan ngagagake kaya nalika ana ing Mesir biyen.

27a. Ing wektu iku momotan kang ditumpangake ing pundhakira dening bangsa mau, bakal kabuwang, lan pasangan kang kaetrapake ing gulunira bakal ilang.”

27b. Asyur wus jumedhul saka ing Rimon

Yesaya 10