22. Amarga sanadyan bangsamu, he Israel, kehe kaya wedhining sagara,nanging mung kekarene kang bakal bali.Pangeran Yehuwah wus nemtokake tekaning karusakan,lan saka ing kono bakal tuwuh kaadilan kang nganti luber-luber.
23. Sanyata, karusakan kang wus pinasthibakal kadhawahake ing salumahing bumidening Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah.
24. Mulane mangkene pangandikane Pangeran, Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah: “He umatingSun kang manggon ing Sion, aja wedi marang Asyur, manawa iku nggebug sira kalawan gada lan menthung sira kalawan penthunge, kaya kang ditindakake Mesir biyen.
25. Amarga sadhela engkas dukaningSun marang sira bakal sirep, lan bebenduningSun bakal njalari sirnane.
26. Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngrangket bangsa iku kalawan cemethi, kayadene anggone ngrangket Midian ana ing gunung parang Oreb, lan ngungkulake lantarane ing sadhuwure sagara Teberau lan ngagagake kaya nalika ana ing Mesir biyen.
27a. Ing wektu iku momotan kang ditumpangake ing pundhakira dening bangsa mau, bakal kabuwang, lan pasangan kang kaetrapake ing gulunira bakal ilang.”
27b. Asyur wus jumedhul saka ing Rimon
28. lan wus nempuh Ayat;sarta wus ngliwati Migron,tuwin nata gegawane ana ing Mikhmas.
29. Wus padha liwat ing jurang panyabrangan, kalawan nguwuh:“Geba iku papan panginepan kita!”Kang manggon ing Rama padha gumeter,kang manggon ing Gibea-Saul padha mlayu.
30. Jerit-jerita, he putri Galim!Gatekna, he Laisya!Wangsulana, he Anatot!
31. Kang manggon ing Madmena lumayu adoh,wong Gebim lunga ngungsi.
32. Dina iki uga Asyur bakal leren ing Nob,ngacung-acungake tanganemarang gununge putri Sion,tenggere Yerusalem.