19. Amarga ing Sion keprungu tangis:Adhuh padha mati aku!Aku padha banget diwirangake!Amarga aku kudu padha ninggal nagara iki,dene omah-omahku padha dibrukake.
20. He para wong wadon, rungokna pangandikane Sang Yehuwah,padha nilingna dhawuhing lesane;anak-anakmu wadon padha wulangen tangisanlan sadhengah wong wadon mulangna kidung pasambat marang kancane:
21. “Adhuh, si pati wus nlusup ing cendhela-cendhela kita,kedhaton kita wus padha dileboni,bocah-bocah ing lurung-lurung padha disirnakake,samono uga para nom-noman kang ana ing alun-alun.
22. Mayite wong-wong padha klelerankaya rabuk ana ing pategalan,kaya bentelan gandum ing saburining wong kang padha ngeneni,lan ora ana kang nglumpukake.”
23. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Wong kang wicaksana aja ngendel-endelake kawicaksanane,wong rosa aja mamerake karosane,wong sugih aja ngegung-egungake kasugihane;
24. nanging sing sapa arep ngegungake,ngegungna kang mangkene:manawa dheweke ngreti lan wanuh marang Ingsun,manawa Ingsun iki Sang Yehuwah,kang nedahake kadarman,kaadilan lan kabeneran ana ing bumi;sanyata, iku kang ndadekake keparenging galihingSun,”mangkono pangandikane Sang Yehuwah.