11. Padaleman kang sinebut nganggo asmaningSun iki apa sira anggep pandhodhotaning begal? Lah Ingsun piyambak wus nguningani iku kabeh, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
12. Nanging becike sira menyanga ing PadalemaningSun ing Silo dhisik, kang biyen dadi padununganing asmaningSun, padha satitekna apa kang wus Suntandukake awit saka durakane umatingSun Israel!
13. Lah sarehne sira saiki wus nindakake sakehing panggawe iku uga, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- lah sira emoh ngrungokake, sanadyan wus Sunngandikani marambah-rambah, ewadene sira ora ngaturi wangsulan, sanadyan Ingsun wus nguwuh-uwuh marang sira,
14. mulane padaleman, kang sinebut nganggo asmaningSun lan padha sira andelake iku, lan panggonan, kang Sunparingake marang sira lan leluhurira iku, bakal Sunpatrapi kaya kang wus Suntandukake marang Silo;
15. Ingsun bakal mbucal sira saka ing ngarsaningSun, kaya sakehing para sadulurira yaiku kabeh turune bani Efraim kang wus Sunbucal.”
16. “Nanging sira aja ndongakake bangsa iki; sira aja ngunjukake pesambat lan panyuwun apadene sira aja ngungset marang Ingsun kanggo wong-wong iku, amarga Ingsun ora bakal miyarsakake sira.