Yeremia 6:5-11 Kitab Sutji (JAV)

5. “Payo, padha mangsah perang ing wayah bengi,lan ngrusak kedhaton-kedhatone!”

6. Amarga pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi mangkene:“Wit-witane padha tegorana lan urugana lemah,dadia tanggul kanggo nglawan Yerusalem!Jer iku kutha kang kudu diukum!Mung panganiaya kang tinemu ana ing kono!

7. Kaya sendhang kang ngluberake banyune,iya mangkono Yerusalem anggone ngwetokake durakane.Ambeksiya lan panganiaya tansah keprungu ana ing kono,tatu lan gebugan tansah Sunpirsani.

8. He Yerusalem, sira nampanana pamerdi,supaya Ingsun ora nilar sira,lan ora ndadekake sira sepi mamring,dadi nagara kang suwung!”

9. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi:“Kekarene wong Israel asagana nganti njlimet,kaya pangasage wit anggur.Balia dadi kaya tukang ngundhuh anggur,klawan tanganira kang methiki woh anggur ing carang-carange!”

10. Marang sapa anggonku kudu kandhalan nglairake paseksen supaya wong banjur padha nggatekake?Kupinge wong-wong mau nyata ora tetakan;wong-wong iku ora bisa ngrungokake!Lah, pangandikane Sang Yehuwah dadi cacadan,ora disenengi.

11. Nanging aku kebak bebendune Sang Yehuwah,nganti kesel anggonku nahanake,kudu ngesokake iku marang bayi ing dedalan,lan marang kumpulane para wong nom-noman.Dadia lanang dadia wadon mesthi padha dicekel,iya kang tuwa, iya kang wus akeh umure.

Yeremia 6