Yeremia 52:13-21 Kitab Sutji (JAV)

13. Padalemane Sang Yehuwah, kadhatone Sang Prabu lan sakehe omah ing Yerusalem, sakehe daleme para panggedhe padha diobongi.

14. Balowarti sakubenge kutha Yerusalem dijugrugi dening bala Kasdim kang padha ndherek panggedhening wadya-bala pengawal mau.

15. Saperangane wong kang ringkih dhewe, lan kekarene wong kang isih manggon ana ing kono, tuwin para wong kang malik tingal mbalik ndherek ratu ing Babil, apadene kekarene para tukang padha diangkatake menyang ing pambuwangan dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal iku.

16. Mung panunggalane para wong mlarat ing tanah kono, ana sawatara kang ditinggal dening Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala pengawal mau, supaya dadi juru kebon anggur lan among tani.

17. Saka-sakane tembaga kang ana ing padalemane Sang Yehuwah kareta panyangga lan segaran tembaga kang ana ing padalemane Sang Yehuwah padha dirusak dening bala Kasdim tuwin sakehing tembagane diusungi menyang tanah Babil.

18. Kwali-kwali, sorok-sorok, lading-lading, bokor-bokor panyiraman lan piring-piring apadene sakehing piranti tembaga kang kanggo nindakake pangibadah, dijupuki kabeh.

19. Uga jembangan-jembangan, padupan-padupan, bokor-bokor panyiraman, kwali-kwali, padamaran-padamaran, piring-piring lan tuwung-tuwung, kang emas lan kang salaka, kajupukan dening panggedhening wadya-bala pengawal mau.

20. Dene saka loro, segaran siji lan sapi tembaga rolas kang ana ing sangisore kareta panyangga, kang kayasa dening Sang Prabu Suleman, kanggo padalemane Sang Yehuwah, iku nganti ora kena dibobot tembagane sakehing piranti iku.

21. Dene saka-saka iku, saka siji dhuwure wolulas asta lan dibuleti lawe kang dawane rolas asta, kandele patang nyari lan ing jerone growong.

Yeremia 52