Yeremia 51:46-50 Kitab Sutji (JAV)

46. Atinira aja kekes lan giris marga saka pawarta kang keprungu ana ing nagara: manawa ing taun iki kang sumebar kabar iki lan ing taun ngarep kabar iku, manawa kekerasan saya ndadra ana ing nagara sarta manawa pangwasa kang wengis nglawan padha wengis.

47. Mulane lah, bakal tumeka ing titi-mangsane, Ingsun nglebur reca-reca ing Babil; sawrataning nagarane bakal nandhang wirang lan sakehing wong kang pinatenan padha ambruk ana ing satengahe.

48. Dene langit lan bumi lan sakehe kang padha ana ing kono bakal rame nyuraki Babil, samangsa para juru pangrusak teka saka ing lor. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

49. Babil bakal ambruk marga wong kang padha mati ing antarane Israel padha kaya wong ing saindenging jagad kang mati dening Babil.

50. Kowe, wong kang padha oncat saka ing pedhang, padha lungaa, aja mandheg-mandheg! Elinga marang Sang Yehuwah ing tanah kang adoh lan Yerusalem timbula maneh ana ing atimu!

Yeremia 51