32. sabrangane wus padha diejegi,beteng-beteng kang kanggo nanggulangi wus diobongi,para prajurit wis padha giris.
33. Sebab mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel:Putri ing Babil iku kayadene pamipitan,ing wektune wong ngiles-iles.Sadhela engkas bakal wus mangsa panen.
34. Aku dimangsa, dijuwing-juwing dening Sang Prabu Nebukadnezar,ratu ing Babil,diselehake kaya mangkok kothong.Panjenengane nguntal aku kaya naga,kang wetenge kebak pangananku kang enak-enak,aku dibuwang.
35. Babil katampeka ing panganiaya lan paniksa kang pancena tumempuh marang aku:kaya mangkono kudune celathune wong ing Sion,getihku cikben tumempuh marang wong ing Kasdim,kaya mangkono kudune ujare Yerusalem.
36. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Lah, Ingsun bakal ngembani prakaranira, lan malesake sira:Ingsun bakal ngasatake sagaranelan mateni sumbere banyu.
37. Babil bakal dadi tumpukan gempuran,pandhelikane asu ajag,panggonan kang marakake ngungun lan ngeses-ngeseslan dadi cecampahan,ora ana kang ngenggoni.
38. Padha bebarengan nggero kaya singa nom,lan nggereng kaya anak singa.
39. Manawa wus padha krasa sumuk,Ingsun bakal nyawisi bujana,bakal Sunendemi supaya mumet,lan banjur ambruk ing salawas-lawase,sarta ora bakal bisa tangi maneh.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.