11. Panahe padha lancipana,tameng-tameng padha cepakna!Sang Yehuwah wus nggigah semangate para ratuing Media,amarga rantamane nglawan Babil iku yaiku murih sirnane,iku pamalese Sang Yehuwah, kanggo malesake padalemane kang suci.
12. Acungna tunggul-tunggule marang balowartine Babil,pajagane santosakna!Para wong jaga padha prenahna,nganakna cegatan!Amarga Sang Yehuwah wus ngrantamlan uga bakal nindakake apa kang wus kagem ngancam wong kang manggon ing Babil.
13. He kowe kang padha manggon ana ing pinggiringbengawan lan sugih raja-brana,iki wus tekan ing wekasaning umurmu,wus tekan ing watesing uripmu!
14. Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadiwus supaos demi sarirane piyambak:Sanadyan sira kebak manungsa nganti kaya walang,nanging wong bakal padha nguwuh marang sirapanguwuhing perang.
15. Sang Yehuwah kang nitahake bumi sarana pangwasane,kang nalesi jagad klawan kawicaksanane,lan kang mbeber langit klawan limpading galihe.
16. Samangsa Panjenengane ngedalake swantene,gumrujug saraning banyu ing langit,Panjenengane nginggahake pedhut lan megasaka ing poncoting bumi,lan damel kilat bareng lan udansarta ngedalake angin saka ing susuhe.
17. Saben wong iku satemene bodho, ora duwe kawruh,lan saben kemasan bakal nandhang wirangmarga reca ukir-ukiran garapane.Amarga reca cor-corane iku goroh,ora kadunungan nyawa.