27. Kaya kurungan kang kebak manuk,kaya mangkono omahe kebak isi paracidra,iku kang njalari dadi wong gedhe lan sugih,
28. padha lemu ginuk-ginuk.Kajaba iku uga ngetogake tumindake sakehing piala,ora mreduli marang angger-angger,ora menangake prakarane bocah lola,lan ora mbelani wewenange wong mlarat.
29. Apa Ingsun ora bakal matrapi paukuman marang wong kang padha tumindak mangkono?-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --Apa Ingsun ora males ukummarang bangsa kang kaya mangkono iku?”
30. Ing nagara iki tinemubab kang ngebat-ebati lan ngeres-eresi:
31. Para nabi nglairake pameca palsu,para imam mulang sakarep-karepe,lan umatingSun bakal dhemen kang kaya mangkono iku!Nanging apa kang bakal sira lakonisamangsa wus tekan ing wekasane?