Yeremia 5:26-29 Kitab Sutji (JAV)

26. Satemene, umatingSun ana kang duraka lan masang jaringe,kaya juru mikat manuk kang masang kalajirete,anggone padha nyekeli manungsa.

27. Kaya kurungan kang kebak manuk,kaya mangkono omahe kebak isi paracidra,iku kang njalari dadi wong gedhe lan sugih,

28. padha lemu ginuk-ginuk.Kajaba iku uga ngetogake tumindake sakehing piala,ora mreduli marang angger-angger,ora menangake prakarane bocah lola,lan ora mbelani wewenange wong mlarat.

29. Apa Ingsun ora bakal matrapi paukuman marang wong kang padha tumindak mangkono?-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --Apa Ingsun ora males ukummarang bangsa kang kaya mangkono iku?”

Yeremia 5