Yeremia 5:17-21 Kitab Sutji (JAV)

17. Bakal padha ngentekake panenan lan panganira,bakal mangan anakira lanang lan wadon nganti entek,bakal ngentekake wedhus-wedhusira lan sapi-sapinira,bakal padha ngentekake wit anggurira lan wit anjirira,lan nggempur kalawan pedhang, kutha-kuthanira kang sentosa,kang sira andelake.”

18. “Nanging ing wektu iku uga, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- Ingsun ora bakal damel tumpesira babar pisan.

19. Lan manawa sira besuk takon-takon: Apa ta prelune Sang Yehuwah, Gusti Allah kita nindakake prakara iku mau marang kita?, sira wangsulana mangkene: Kayadene anggonira wus nyingkur marang Ingsun lan ngawula marang allah liyane ing nagaranira, sira iya bakal ngawula marang bangsa liya ana ing nagara kang dudu nagaranira.”

20. Iki sira kandhakna marang para turune Yakublan iku sira wartakna ana ing tanah Yehuda,padha sira kandhanana mangkene:

21. “Iki rungokna, he bangsa kang goblog lan kang tanpa budi,kang duwe mripat nanging ora ndeleng,lan duwe kuping, nanging ora krungu!

Yeremia 5