34. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia tumrap Elam, ing nalika wiwit jumenenge Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda:
35. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi:“Lah Ingsun mutung gandhewane Elam,yaiku bakune kakuwatane.
36. Ingsun ndhatengake marang Elam angin papat saka keblat papat lan bakal mbuyarake wong-wong iku marang keblat papat, temah ora ana bangsa siji-sijia kang ora ketekan wong Elam kang pating blesar mau.
37. Ingsun ndadekake girise Elam ana ing ngareping mungsuhelan ing ngarepe para wong kang ngarah nyawane,Ingsun bakal ndhatengake bilai marang Elam,yaiku dedukaningSun kang mulad-mulad,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --Ingsun bakal ngutus pedhang mburu wong-wong maunganti Sunsirnakake kabeh.
38. Ingsun bakal ngadegake dhamparingSun ana ing Elam,lan Ingsun bakal nyirnakake para raja lan para panggedhe ing kono-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
39. Nanging besuk Ingsun bakal mulihake kaanane Elam. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”