Yeremia 49:12-28 Kitab Sutji (JAV)

12. Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Sanadyan para wong kang ora pantes ngombe isining tuwung iku, kapeksa wis ngombe, apa iya sira bakal luwar saka ing paukuman? Sira ora bakal luwar saka ing paukuman, nanging mesthi ngombe!

13. Amarga Ingsun wus supaos, demi Ingsun piyambak, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, Bozra bakal dadi garing, ciri, jugrugan lan ipat-ipat lan sakehe kuthane bakal dadi jugrugan kang langgeng!”

14. Aku wus krungu warta saka Sang Yehuwah,sawijining utusan wus kadhawuhan menyang ing satengahing para bangsa:“Padha ngumpula, majua, nempuha,samektaa ing perang!

15. Amarga lah, Ingsun wus ndadekake sira asorana ing antarane para bangsa,diremehake ana ing antarane manungsa.

16. Trajangira kang nggegirisilan kumlungkunge atinira, ngloropake sira,iya sira kang ana ing guwa-guwa parang,lan kang ana ing dhuwur gunung!Sanadyan sira gawe susuhira ana ing papan kang dhuwur,kaya manuk garudha,Ingsun bakal mlorodake sira saka ing kono,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

17. Edom bakal dadi garing; saben wong kang ngliwati panggonan kono kaget semu gumun lan ngeses marga sakehing wewelake!

18. Kayadene nalika Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing saubenge diobrak-abrik -- pangandikane Sang Yehuwah -- ora ana wong siji-sijia kang manggon lan ora bakal ana manungsa siji bae kang dedunung ing kono.

19. Lah, kayadene singa kang jumedhul saka ing alas gegrumbulane bengawan Yarden, marani pasuketan panggonaning pepanthan wedhus, mangkono uga Ingsun bakal ndadekake wong iku dadakan padha lumayu saka ing nagara kono sarta matah ana ing kono sapa kang Sunpiji. Amarga sapa kang kaya Ingsun? Sapa kang wani ndakwa Ingsun? Pangon sing endi kang wani adu arep karo Ingsun?

20. Mulane rungokna kekancingane Sang Yehuwah tumrap Edom lan rantamane Pangeran tumrap wong ing Teman.Menawa kang cilik dhewe saka ing antaranepepanthan wedhus bakal diseret.Menawa pasuketane dhewe bakal ngrasa kagetsemu gumun marga saka kaanane iku.

21. Bumi bakal horeg marga saka swarane tibane;panjerite keprungu nganti tekan ing sagara Teberau.

22. Lah banjur mumbul mabur kaya manuk garudha,nglayang lan ngegarake swiwine ing dhuwure Bozra.Atine para prawiraning Edom ing dina ikubakal kaya atine wong wadon kang lagi nglarani.”

23. Tumrap Damsyik.“Hamat lan Arpad padha wirang,amarga padha krungu warta kang ala;atine dheg-dhegan marga semplah,ora bisa tentrem.

24. Damsyik wis ora duwe krekat,mengo arep lumayu,kecandhak ing pagiris,karupekan lan krasa lara kaya wong wadonkang lagi nglarani,kaya wong wadon kang lagi nglairake.

25. Lah, kutha kang dadi pangalemanlan gambira iku wus ditinggal prung.

26. Mulane para nom-nomane bakal padha ambrukana ing alun-alunelan sakehing prajurite bakal padha ora cemuwit ing dina iku.-- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

27. Ingsun bakal ngurubake geni ana ing balowartine kutha Damsyiklan ngobong kratone Benhadad.”

28. Tumrap Kedar lan karajan-karajane Hazor, kang digecak kaesorake dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil.Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Samektaa, majua perang nglawan Kedar,para wong ing sisih wetan sirnakna!

Yeremia 49