1. Tumrap bani Amon.Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Apa ora ana turune Israel,apa ora ana ahli warise?Kena apa Bathara Milkom ndarbeni Gad,lan bangsane ngenggoni kutha-kuthane?
2. Mulane, lah bakal tumeka ing titi-mangsane-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --Ingsun bakal damel ananesurak ramening paprangan,nglawan Raba kuthane bani Amon.Kutha iku bakal dadi punthuk kang garing,lan kutha-kutha wewengkone bakal padha diobongi,dene Israel bakal ngebeki wong-wong kang biyen ndarbeni iku-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
3. He Hesybon, nangisa, amarga si pangrusakwus mangsah nempuh,he para putri ing Raba,nganggoa sandhangan prihatin, prihatina,ngubengana kutha klawan tatuning belekan,amarga Milkom bakal katawan menyang ing pambuwanganbareng karo para imam lan para panggedhene.
4. He putri kang kumlungkung,sira kok ngegung-ngegungake lebak-lebakiralan ngendelake raja-brananira sarta ngucap:Sapa kang wani teka nempuh aku?
5. Lah, Ingsun ndhatengake pagiris marang sira,-- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, --saka ing sakehing panggonan ing saubengiratemah sira padha pating jleritlumayu manut parane dhewe-dhewe,lan ora ana kang nglumpukake para wong kang pating blesar iku.
6. Nanging sawise mangkono Ingsun bakal mulihakekaanane bani Amon iku.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”
7. Tumrap Edom.Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi:“Apa wus ora ana kawicaksanan ing Teman?Pamrayogane para wong limpad ing budi apa wis ilang?Kawicaksanane apa wis musna?