8. Juru pangrusak bakal nekani saben kutha,ora ana kutha kang bisa oncat!Lebak bakal rinusak,tanah ngare sirna babar pisan,kaya kang dadi pangandikane Sang Yehuwah.
9. Moab wenehana swiwi,supaya bisa lunga mabur;kutha-kuthane bakal dadi sepi mamring,ora ana wong kang manggon ing kono maneh.
10. Kenaa ing ipat-ipat wong kang nindakakeayahane Sang Yehuwah kanthi sembrana,lan kenaa ing ipat-ipat wong kang menggakpedhange anggone ngwutahake getih!
11. Moab uripe tentrem wiwit nom-nomane,uripe ayem kaya anggur meneb ana ing endheg-endhege,ora diiling saka ing wadhah kang siji marang ing sijine,ora tau klebu ing pambuwangan,mulane rasane ora malihlan gandane ora owah.
12. Mulane, lah bakal tumeka ing titi-mangsane, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- Ingsun bakal ngutus para tukang kang bakal ngiling nyuntaki wadhah-wadhahe lan ngremuk guci-gucine.