Yeremia 48:27-32 Kitab Sutji (JAV)

27. Apa maune dudu Israel kang dadi poyokan? Apa dheweke ana ing satengahe para maling, nganti dene sira gedheg-gedheg, saben sira ngrembug dheweke?

28. He wong ing tanah Moab,tinggalen kutha-kuthaniralan manggona ana ing gunung parang!Dadia kaya manuk dara kang nusuh ana ingcangkeming guwa.

29. Aku wus padha krungu bab gumunggunge Moab,-- banget anggone kumlungkung,-- bab kumingsune, gumunggunge lan kumlungkunge,sarta gumedhene atine!

30. Ingsun wus nguningani kumenthuse,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --ora bener tembunge, ora patut solah-tingkahe.

31. Mulane aku arep nangisi Moab,arep sesambat marga saka Moab kabehlan ngadhuh-adhuh marga saka wong Kir-Heres!

32. Aku bakal nangisi kowe,ngluwihi anggonku nangisi Yaezerhe wis anggur Sibma!Elung-elungmu mrambat tekan ing sagara,nggedhabyah tekan ing Yaezer.Si pengrusak wus ambruknibani panenanmu mangsa katiga lan oleh-olehaning anggurmu.

Yeremia 48