10. Kenaa ing ipat-ipat wong kang nindakakeayahane Sang Yehuwah kanthi sembrana,lan kenaa ing ipat-ipat wong kang menggakpedhange anggone ngwutahake getih!
11. Moab uripe tentrem wiwit nom-nomane,uripe ayem kaya anggur meneb ana ing endheg-endhege,ora diiling saka ing wadhah kang siji marang ing sijine,ora tau klebu ing pambuwangan,mulane rasane ora malihlan gandane ora owah.
12. Mulane, lah bakal tumeka ing titi-mangsane, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- Ingsun bakal ngutus para tukang kang bakal ngiling nyuntaki wadhah-wadhahe lan ngremuk guci-gucine.
13. Dene Moab bakal kawirangan marga saka Bathara Kamos, padha kayadene turune Israel anggone kawirangan marga saka Betel, kang dadi andel-andele.
14. Kapriye dene sira wani ngucap:Aku kabeh iki pahlawan,wong kang gagah prakosa tumrap ing perang!
15. Juru pangrusak wus nempuh nagara Moabdalah kutha-kuthane,para nom-noman pilihan wus padha kasembelehan,-- mangkono pangandikane Sang Prabu kang asmane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi. --
16. Bilaine Moab wus meh teka,kasangsarane enggal bakal nekani.