Yeremia 46:6-16 Kitab Sutji (JAV)

6. Wong kang cancingan ora bisa lumayu,pahlawan ora bisa oncat,ana ing sisih lor ing sapinggire bengawan Efratpadha kejengklok lan ambruk.

7. Sapa ta kang mbludag kaya bengawan Nillan kang banyune molak-malik kaya kali?

8. Iya iku Mesir kang mbludag kaya bengawan Nil,lan banyune molak-malik kaya kali.Sumbara: Aku arep ngluberi lan nutupi buminyirnakake kutha saisine.

9. He jaran, padha nyandera!He kareta perang, padha mbalapa!He para prawira mangsaha perang!He kowe wong Etiopia lan wong Putkang asikep tamenglan wong Lidia kang menthang gandhewa!

10. Iki dinane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi,dina piwalesdina tumibaning piwales marang para mungsuhe.Pedhang bakal memangsa nganti wareg,lan nguyup getihe nganti marem.Amarga Gusti Allah, Gustining sarwa dumadinganakake kurban sembelehan ing tanah loring sacedhake bengawan Efrat.

11. He kenya putri Mesir!,menyanga ing Gilead njupuk beboreh!Ora ana gunane anggonmu tetamba akeh,kowe ora bakal bisa mari!

12. Para bangsa wus padha krungu mungguh cacadmu,bumi wus kebak pasambatmu,amarga para prawira padha tunjang-tinunjang,sakarone bareng ambruk.”

13. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, bab rawuhe Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, arep nelukake tanah Mesir:

14. “Wartakna ana ing Mesir,lan kandhakna ana ing Migdol!Kandhakna ana ing Memfis lan ing Takhpanhes!Tuturana: Nataa gelar lan samektaa,amarga ing saubengira wus gusis,kamangsa ing pedhang!

15. Yagene Apis keplayusapinira lanang apa ora kuwawa nanggulangi?Sanyata, Sang Yehuwah wus nelukake dheweke!

16. Saka ing antaranira akeh kang kejengkloklan ambruk,kang siji kandha marang sijine:Payo padha ngulihi bangsa kita,tanah kalairan kita,prelu ngendhani pedhang kang ngamuk iki!

Yeremia 46