Yeremia 46:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia tumrap para bangsa.

2. Tumrap Mesir.Tumrap wadya-balane Sang Prabu Pringon Nekho, ratu ing Mesir, kang ngadegake kemah ana ing sapinggire bengawan Efrat, ing sacedhake Karkhemis lan kang diasorake dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, nalika ing taun kang kaping pate paprentahane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda:

3. “Cepakna tameng gedhe lan tameng ciliklan majua perang!

4. He para bala jaranan,jaranira abah-abahana lan tunggangana!Nataa gelarira kalawan nganggo topong,asahana tumbakira,ngrasuka kerenira!

5. Yagene Sunpirsanipadha girissarta padha mundur?Prawirane padha kasoran,mlayu sar-saran,tanpa nolah-noleh,pagiris saka keblat papat!,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

6. Wong kang cancingan ora bisa lumayu,pahlawan ora bisa oncat,ana ing sisih lor ing sapinggire bengawan Efratpadha kejengklok lan ambruk.

7. Sapa ta kang mbludag kaya bengawan Nillan kang banyune molak-malik kaya kali?

8. Iya iku Mesir kang mbludag kaya bengawan Nil,lan banyune molak-malik kaya kali.Sumbara: Aku arep ngluberi lan nutupi buminyirnakake kutha saisine.

9. He jaran, padha nyandera!He kareta perang, padha mbalapa!He para prawira mangsaha perang!He kowe wong Etiopia lan wong Putkang asikep tamenglan wong Lidia kang menthang gandhewa!

10. Iki dinane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi,dina piwalesdina tumibaning piwales marang para mungsuhe.Pedhang bakal memangsa nganti wareg,lan nguyup getihe nganti marem.Amarga Gusti Allah, Gustining sarwa dumadinganakake kurban sembelehan ing tanah loring sacedhake bengawan Efrat.

Yeremia 46