3. Sarehne sira wus ngucap: Adhuh cilaka aku, dene Sang Yehuwah wus muwuhi kasusahan marang prihatinku! Aku nglentrih marga saka anggonku sambat-sambat lan aku ora oleh katentreman.
4. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, apa kang Sunyasa, bakal Sunbubrah, lan apa kang Suntanem bakal Sunbedholi, malah sanadyan nganti saindenging nagara!
5. Sira aja ngarah marang prakara kang muluk-muluk kanggo sira dhewe! Poma aja sira gayuh! Awitdene, lah, Ingsun ndhatengake bilai tumrap sakehing titah, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, nanging sira iku bakal Sunparingi nyawanira kayadene rayahan ana ing ngendi-endia panggonan kang bakal sira parani.”