3. Iku jalarane marga saka piala kang wus dilakoni, kang nuwuhake gerahing panggalihingSun, yaiku anggone sesaji kurban lan ngabekti marang allah liyane, kang ora disumurupi dhewe, sira dhewe utawa leluhurira.
4. Ingsun ora kendhat-kendhat wus ngutus para abdiningSun, para nabi, kanthi piweling: Poma aja nindakake kanisthan kang Sunsengiti iku!
5. Nanging ora padha ngrungokake lan ora ngestokake sarta ora banjur ninggal pialane lan ora sesaji kurban maneh marang allah liyane.
6. Mulane mulad-mulading bebendu lan dedukaningSun wus kaesokake lan mbesmi kutha-kuthane Yehuda lan lurung-lurunge Yerusalem, temah dadi jugrugan lan samun kaya kaanane ing wektu iki.
7. Saikine, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Yagene sira nekakake bilai gedhe marang awakira dhewe? Sira arep numpes para wong lanang, wong wadon, bocah-bocah lan bayining wong Yehuda, nganti ora ana kekarene apa-apa.
8. Yagene sira nuwuhake gerahing panggalihingSun kalawan penggawening tanganira, yaiku sesaji kurban marang allah liyane ing tanah Mesir, kang sira parani amarga sumedya manggon ana ing kono dadi wong neneka? Kena apa sira arep dadi ipat-ipat lan cecampahan ana ing satengahing sakehe bangsa ing bumi?
9. Sira apa wis ora kelingan marang pialane para leluhurira, para ratu ing Yehuda, para panggedhe apadene pialanira dhewe lan para bojonira kang ditindakake ana ing tanah Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem?
10. Wong iku padha ora rempu atine nganti tumeka saprene, padha ora wedi lan ora netepi Toret lan pranataningSun kang wus Sunparingake marang sira lan para leluhurira.
11. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah, Ingsun bakal ngadhepake wadananingSun marang sira murih bilainira, yaiku Ingsun bakal numpes sakehe wong Yehuda.
12. Ingsun bakal mulung kekarening wong Yehuda, kang sumedya lunga menyang ing tanah Mesir, prelu manggon ana ing kana dadi wong neneka; wong iku bakal padha mati kabeh ana ing tanah Mesir; bakal padha ambruk mati dening pedhang lan bakal tiwas dening kaliren, wiwit kang cilik tumeka kang gedhe; wong iku bakal padha mati dening pedhang lan kaliren apadene bakal dadi ipat-ipat, pagiris, supata lan cecampahan.
13. Ingsun bakal paring paukuman marang wong kang manggon ana ing tanah Mesir iku, kayadene anggoningSun ngukum Yerusalem, yaiku kalawan pedhang, kaliren lan pageblug,
14. temah saka kekarene Yehuda, kang wus menyang ing tanah Mesir nedya manggon ana ing kono dadi wong neneka, ora ana siji-sijia kang bisa oncat lan luwar bisa bali mulih menyang ing tanah Yehuda, kang banget dikangeni lan nedya manggon ana ing kono maneh; sanyata wong iku ora bakal padha bisa bali mulih, kejaba wong sawatara kang padha ngungsi.”
15. Tumuli sakehe wong lanang kang padha ngreti manawa bojone padha sesaji kurban marang allah liyane, lan sakehe wong wadon kang padha ana ing kana, wong akeh banget, yaiku rakyat kang manggon ana ing tanah Mesir lan ing Patros, padha mangsuli, tembunge:
16. “Menggah punapa ingkang panjenengan ngandikakaken atas asmanipun Gusti Allah punika, kula boten badhe mirengaken dhateng panjenengan,
17. nanging kula sami badhe nglajengaken nindakaken punapa ingkang sampun kula ucapaken, inggih punika sesaji kurban dhateng raja putri ing langit lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng panjenenganipun, kados ingkang sampun sami kula lampahi, kula piyambak lan leluhur kula, punapadene para ratu saha pengageng kula ing kitha-kithanipun Yehuda lan ing lurung-lurungipun Yerusalem. Nalika samanten kula sami gadhah tetedhan cekap, kula sami rumaos begja lan boten ngalami karibedan.
18. Nanging wiwit kula sami nyampuni anggen kula sesaji kurban lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng raja putri ing langit, kula sami kekirangan samukawis lan sami kasirnakaken dening pedhang tuwin kaliren.”
19. Para wong wadon mau padha numpangi: “Manawi kula sesaji kurban lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng raja putri ing langit punika, punapa boten kanthi kasumerepan dening semah kula, ugi anggen kula sami damel tetedhan atur-atur ngemba recanipun lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhumateng panjenenganipun punika?”