14. temah saka kekarene Yehuda, kang wus menyang ing tanah Mesir nedya manggon ana ing kono dadi wong neneka, ora ana siji-sijia kang bisa oncat lan luwar bisa bali mulih menyang ing tanah Yehuda, kang banget dikangeni lan nedya manggon ana ing kono maneh; sanyata wong iku ora bakal padha bisa bali mulih, kejaba wong sawatara kang padha ngungsi.”
15. Tumuli sakehe wong lanang kang padha ngreti manawa bojone padha sesaji kurban marang allah liyane, lan sakehe wong wadon kang padha ana ing kana, wong akeh banget, yaiku rakyat kang manggon ana ing tanah Mesir lan ing Patros, padha mangsuli, tembunge:
16. “Menggah punapa ingkang panjenengan ngandikakaken atas asmanipun Gusti Allah punika, kula boten badhe mirengaken dhateng panjenengan,
17. nanging kula sami badhe nglajengaken nindakaken punapa ingkang sampun kula ucapaken, inggih punika sesaji kurban dhateng raja putri ing langit lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng panjenenganipun, kados ingkang sampun sami kula lampahi, kula piyambak lan leluhur kula, punapadene para ratu saha pengageng kula ing kitha-kithanipun Yehuda lan ing lurung-lurungipun Yerusalem. Nalika samanten kula sami gadhah tetedhan cekap, kula sami rumaos begja lan boten ngalami karibedan.
18. Nanging wiwit kula sami nyampuni anggen kula sesaji kurban lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng raja putri ing langit, kula sami kekirangan samukawis lan sami kasirnakaken dening pedhang tuwin kaliren.”
19. Para wong wadon mau padha numpangi: “Manawi kula sesaji kurban lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng raja putri ing langit punika, punapa boten kanthi kasumerepan dening semah kula, ugi anggen kula sami damel tetedhan atur-atur ngemba recanipun lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhumateng panjenenganipun punika?”
20. Sawise iku Nabi Yeremia ngandika marang rakyat iku kabeh, marang para wong lanang, para wong wadon, lan sakehe wong kang ngaturi wangsulan iku:
21. “Malah iya kurban kang kokobong dhewe ana ing kutha-kuthaning Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem lan diobong dening para leluhurmu, para ratumu, para panggedhemu lan rakyat ing nagara, apa dudu iku kang diengeti lan digalih dening Sang Yehuwah?
22. Sang Yehuwah wus ora tahan maneh mirsani polah-tingkahmu kang ala lan kanisthan kang padha koklakoni, mulane nagaramu wis dadi jugrugan, pagiris lan ipat-ipat sarta ora ana kang ngenggoni kayadene kang wus kelakon saiki iki.
23. Kowe wis padha sesaji kurban lan wis padha nglakoni dosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah, padha ora ngrungokake pangandikane Sang Yehuwah lan ora manut marang Torete, pranatane lan tatanane, yaiku jalarane kowe banjur padha ketaman ing bilai kayadene kang wus kelakon saiki iki.”
24. Nabi Yeremia nuli ngandika marang rakyat kabeh dalah sakehe wong wadon iku: “Padha rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he para wong Yehuda, kang ana ing tanah Mesir.
25. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira, para wong lanang lan bojonira! Sira wus padha ngleksanani apa kang dadi ujarira, yaiku: aku bakal padha netepi temenan, nadar kang wus daklairake, sumedya sesaji kurban lan ngaturake kurban unjuk-unjukan marang raja putri ing langit. Iya becik! Wujudna lan luwarana nadarira temenan!
26. He wong Yehuda kang manggon ana ing tanah Mesir, padha ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah. Lah, Ingsun wus supaos, demi asmaningSun kang agung, -- pangandikane Sang Yehuwah -- manawa asmaningSun ora bakal disebut dening sawiji-wijining wong Yehuda ana ing saindenging tanah Mesir, kalawan ngucapake: Demi Gusti Allah kang gesang!
27. Lan Ingsun njaga murih cilakane lan ora murih begjane; sadhengah wong Yehuda kang ana ing tanah Mesir, bakal tiwas dening pedhang lan kaliren, nganti satapise.