Yeremia 44:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia kanggo sakehing wong Yehuda kang manggon ana ing tanah Mesir, ing Migdol, ing Takhpanhes, ing Memfis lan ing tanah Patros:

2. “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira wus padha ngalami sakehing bilai kang wus Sundhawahake marang Yerusalem, lan sakehing kuthane Yehuda. Lah iku kabeh saiki wus dadi jugrugan lan wus ora ana wong siji-sijia kang manggon ana ing kono.

3. Iku jalarane marga saka piala kang wus dilakoni, kang nuwuhake gerahing panggalihingSun, yaiku anggone sesaji kurban lan ngabekti marang allah liyane, kang ora disumurupi dhewe, sira dhewe utawa leluhurira.

4. Ingsun ora kendhat-kendhat wus ngutus para abdiningSun, para nabi, kanthi piweling: Poma aja nindakake kanisthan kang Sunsengiti iku!

5. Nanging ora padha ngrungokake lan ora ngestokake sarta ora banjur ninggal pialane lan ora sesaji kurban maneh marang allah liyane.

Yeremia 44