Yeremia 43:4-10 Kitab Sutji (JAV)

4. Sang Yohanan bin Kareah lan sakehing prawiraning wadya-bala lan rakyat kabeh padha lumuh ngrungokake sabdane Sang Yehuwah, supaya tetepa manggon ana ing tanah Yehuda.

5. Sang Yohanan bin Kareah lan sakehe prawiraning wadya-bala nuli nglumpukake kekarene sakehing wong Yehuda, yaiku sakehing wong kang wus mulih saka ing antarane para bangsa, panggonane anggone padha pating slebar, kang banjur arep manggon ana ing tanah Yehuda,

6. para wong lanang, para wong wadon, bocah-bocah para putrane putri Sang Prabu lan sadhengah wong kang padha ditinggal dening Nebuzaradan, panggedhening bala pengawal, kanggo Gedalya bin Ahikam bin Safan; mangkono uga Nabi Yeremia lan Barukh bin Neria.

7. Banjur padha budhal menyang ing tanah Mesir, amarga padha ora gelem ngrungokake marang sabdane Sang Yehuwah. Lakune wus tekan ing Takhpanhes.

8. Ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia ana ing Takhpanhes mangkene:

9. “Njupuka watu kang gedhe-gedhe lan pendhemen ana ing lemah lempung sacedhake gapura kadhatone Sang Pringon ing Takhpanhes, ana ing ngarepe para wong Yehuda iku,

10. banjur padha kandhanana: Mangkene pangadikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah, Ingsun ngutus wong supaya nimbali Nebukadnezar, ratu ing Babil abdiningSun iku, supaya ngadegake dhampare ana ing sadhuwure watu-watu kang Sundhawuhake supaya dipendhem iku, lan nggelar babuding kamulyane ana ing kono.

Yeremia 43