9. Nabi Yeremia nuli ngandika marang wong-wong iku: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang daksowani marga saka panyuwunmu, prelu ngunjukake panyuwunan ana ing ngarsane.
10. Manawa sira tetep manggon ana ing nagara kene, Ingsun bakal mbangun lan ora bakal mbubrah sira. Ingsun bakal ndadekake tuwuhira lan ora bakal mbedholi sira, amarga Ingsun keduwung anggoningSun ndhatengake bilai marang sira.
11. Aja padha wedi marang ratu ing Babil, kang padha kokwedeni. Aja wedi marang dheweke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, amarga Ingsun kang nunggal kalawan sira, nylametake sira lan ngluwari sira saka ing tangane.
12. Ingsun bakal ndadekake sira oleh sih-piwelas, temah dheweke mesakake marang sira lan ngendelake bae kowe manggon ana ing tanahira.