6. Saea awona, kula badhe mirengaken sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, ingkang panjenengan sowani margi saking panyuwun kula dhateng panjenengan, supados kula manggih wilujeng, awit kula sami ngestokaken dhateng sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”
7. Bareng wus sepuluh dina Nabi Yeremia tampi dhawuh saka Sang Yehuwah.
8. Nabi Yeremia nuli nimbali Sang Yohanan bin Kareah lan sakehe prawiraning wadya-bala, kang padha ndherek, tuwin rakyat kabeh kang cilik tumeka kang gedhe.