Yeremia 42:4 Kitab Sutji (JAV)

Wangsulane Nabi Yeremia marang para wong iku: “Panyuwunmu wis dakrungu! Lah, aku arep ndedonga marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kayadene panyuwunmu iku, lan sakehing pangandika, kang kaparingake minangka wangsulan, bakal dakkandakake marang kowe kabeh; satembung bae ora ana kang bakal dakunthet!”

Yeremia 42

Yeremia 42:1-5