1. Pangandikane Sang Yehuwah: “He Israel!Manawa sira gelem bali, sira balia marang Ingsun,lan manawa sira gelem ngedohake para dewanira kang najisake,sira ora susah sumingkir saka ing ngarsaningSun.
2. Lan manawa sira nglairake supata klawan kasetyan, kaadilan lan kabeneran:Demi Sang Yehuwah kang gesang,para bangsa bakal padha berkah-binerkahan ana ing Panjenenganelan bakal padha gedhe atine marga saka Panjenengane.”
3. Ujer Sang Yehuwah ngandika marang wong ing Yehudalan wong kang manggon ing Yerusalem mangkene:“Sira mbukaka palemahan anyar kanggo siralan aja nyebar ing tengahing eren.
4. Padha tetaka lumadi marang Sang Yehuwah,lan ikuting atinira buwangen,he wong Yehuda lan wong kang manggon ing Yerusalem,supaya bebenduningSun aja mulad-mulad kaya geni,lan murub makantar-kantar,lan ora ana wong kang nyirep,marga saka panggawe-panggawenira kang ala!”
5. Wartakna ing tanah Yehuda,lan kabarna ing kutha Yerusalem:Ngunekna kalasangka ana ing jero nagara,nguwuh-uwuha kang seru:“Padha ngumpula, payo padha ngungsimenyang ing kutha-kutha kang santosa!”
6. Banderane adegna ngener marang kutha Sion,ngungsia dienggal, aja mung padha meneng bae!Amarga Ingsun ndhatengake bilai saka lorlan karusakan kang gedhe.