10. Nanging saperanganing rakyat, yaiku para wong mlarat kang ora duwe apa-apa, ditinggal ana ing tanah Yehuda dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal. Ing kala semana wong-wong padha diparingi pakebonan anggur lan pategalan dadi darbeke.
11. Tumrap Nabi Yeremia, Sang Prabu Nebukadnezar, nata ing Babil, wus paring dhawuh lumantar Sang Nebuzaradan panggedhening prajurit pengawal, mangkene:
12. “Wong iku boyongen lan sira openana, aja sira kapak-kapakake, nanging turutana apa kang dadi panjaluke marang sira!”
13. Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal, lan Sang Nebusyazban, panggedhening kraton, tuwin Sang Senapati Nergal-Sarezer, lan sakehing prawira-agunge nata ing Babil, padha utusan wong --
14. padha didhawuhi ngirid Nabi Yeremia saka ing plataran pajagan, kang banjur kapasrahake marang Gedalya bin Ahikam, bin Safan supaya diluwari, kareben kondur menyang ing daleme. Mangkono dadine Nabi Yeremia tetep manggen ana ing satengahing rakyat.
15. Nalika Nabi Yeremia isih dikunjara ana ing plataran pajagan tampa dhawuh saka Sang Yehuwah, mangkene:
16. “Maranana Ebed-Melekh, wong Etiopia iku lan kandhanana: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sanyata, pangandikaningSun tumrap kutha iki bakal Sunleksanani murih cilakane lan ora murih raharjane, lan iku kabeh bakal kelakon ana ing ngarepira ing wektu iku uga.