4. Dene ing nalika samana Nabi Yeremia isih saged mlebet-medal ing satengahingrakyat; panjenengane durung dicemplungake ing pakunjaran.
5. Dene wadya-balane Sang Pringon wus budhal saka ing Mesir; bareng para wong Kasdim kang ngepung Yerusalem krungu, banjur padha ninggal kutha iku.
6. Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, mangkene:
7. “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Matura marang ratu ing Yehuda kang ngutus sira, supaya nyuwun pitedah marang Ingsun: Delengen wadya-bala kang wus budhal saka Mesir arep mbiyantu sira, bakal bali menyang ing Mesir nagarane.
8. Nanging wong Kasdim bakal bali nempuh perang nglawan kutha iki, dibedhah lan diobong.
9. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sira aja ngapusi awakira dhewe, kalawan ngucap: Para wong Kasdim wus lunga kabeh ing salawase! Mangka ora padha lunga ing salawase!
10. Lan saupama sira nggepuk lan bisa ngalahake sakehe bala Kasdim, kang merangi sira iku nganti mung ana kekarene kang ketaton banget, ana ing pakemahane dhewe-dhewe bakal padha gumregah lan ngobong kutha iki.”
11. Nalika wadya-bala ing Kasdim wus ninggal kutha Yerusalem jalaran wedi karo balane Sang Prabu Pringon,
12. Nabi Yeremia banjur tindak saka Yerusalem menyang tlatah Benyamin prelu ngurus pangedume warisan ing antarane sanak sadulure.