Yeremia 36:3-8 Kitab Sutji (JAV)

3. Samangsa turune Yehuda krungu bab sakehing bilai, kang Sunrancang bakal Suntandukake marang wong-wong iku, bokmanawa siji-sijine bakal mratobat saka polah-tingkahe kang ala, temah Ingsun ngapura kaluputan lan dosane.”

4. Dadine Nabi Yeremia banjur ngundang Barukh bin Neria, Barukh nuli nulisi ana ing layang gulungan terus bae saka ing lesane Nabi Yeremia sakehing pangandika, kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah.

5. Ing sawijining dina Nabi Yeremia dhawuh marang Barukh mangkene: “Aku iki lagi ana alangan ora bisa munggah menyang ing padalemane Sang Yehuwah.

6. Dadine ing dina puwasa kowe bae kang macakake pangandikane Sang Yehuwah saka ing gulungan kang koktulis terus bae saka ing cangkemku iku marang wong akeh ana ing padalemaning Sang Yehuwah; iku sira wacakna uga marang sakehe wong Yehuda kang teka saka ing kutha-kuthane.

7. Bokmanawa pasambate sumengka ing ngarsane Sang Yehuwah, banjur sawiji-wijine padha mratobat saka ing polah-tingkahe kang ala iku, amarga gedhe bebendune lan mulad-mulading deduka kang diagem ngancam dening Sang Yehuwah marang bangsa iki.”

8. Barukh bin Neria nindakake ceples kaya kang kadhawuhake Nabi Yeremia, yaiku macakake pangandikane Sang Yehuwah saka kitab iku ana ing padalemane Sang Yehuwah.

Yeremia 36