Yeremia 36:11-18 Kitab Sutji (JAV)

11. Bareng Mikhaya bin Gemarya bin Safan krungu sakehing pangandika saka ing kitab mau,

12. banjur mudhun menyang ing kratone Sang Prabu menyang ing kamare panitra. Ing kono katon sakehing panggedhe padha lenggahan yaiku: panitra Elisama, Delaya bin Semaya, Elnatan bin Akhbor, Gemarya bin Safan, Zedhekia bin Hananya lan sakehing panggedhe liyane.

13. Mikhaya banjur ngaturi pirsa marang para panggedhe mau sakehing pangandika kang dirungu, nalika Barukh macakake kitab iku marang wong akeh.

14. Para panggedhe mau tumuli dhawuh marang Yehudi bin Netanya bin Selemya bin Kusyi supaya matur marang Barukh: “Gulungan kang mentas kokwacakake marang wong akeh iku gawanen lan mrenea!”

15. Barukh tumuli mara karo nggawa gulungan mau. Dhawuhe para panggedhe: “Lungguha lan iku wacakna marang aku kabeh!”

16. Bareng para panggedhe krungu pangandika iku kabeh, banget kagete lan banjur padha sapocapan: “Kita kedah enggal-enggal ngaturaken sakathahing pangandika punika dhateng Sang Prabu!”

17. Banjur padha takon marang Barukh, tembunge: “Tutura marang aku kabeh,kapriye carane anggonmu nulis sakehing pangandika iki!”

18. Wangsulane Barukh marang wong-wong iku: “Sakathahing pangandika punika kula tampi lajeng kemawon saking tutukipun Nabi Yeremia, lajeng kula serati mawi mangsi wonten ing kitab.”

Yeremia 36