14. “Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing mangsane anggoningSun bakal nuhoni prasetya, kang Sunparingake marang tedhak turune Israel lan Yehuda.
15. Ing wektu lan ing mangsa iku Ingsun bakal nuwuhake Trubusing kaadilan tumrap Dawud, kang bakal nindakake kaadilan lan kabeneran ana ing nagara.
16. Ing wektu iku Yehuda bakal linuwaran lan Yerusalem uripe bakal tentrem. Lan kalawan jeneng iki, iku bakal padha sinebut: Sang Yehuwah iku kaadilan kita.
17. Amarga pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Tedhak turune Dawud bakal ora pedhot-pedhot nglungguhi dhamparing kratone bangsa Israel!
18. Lan tedhak turune para imam bangsa Lewi uga ora kendhat-kendhat nyaosake kurban obaran, lan kurban dhaharan, apadene kurban sembelehan ing sauruting jaman, ana ing ngarsaningSun.”
19. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, mangkene:
20. “Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Manawa sira bisa mbubrah prasetyaningSun marang rina lan wengi, temah rina lan wengi ora netepi ing wayahe,
21. ing kono prajanjianingsun marang abdiningSun Dawud uga bisa kabubrah, temah ora duwe turun maneh kang nglungguhi dhamparing kratone, mangkono uga prasetyaningSun karo bangsa Lewi, yaiku para imam kang dadi paladeningSun.
22. Kayadene bala ing langit kang tanpa wilangan kehe tuwin kaya wedhining sagara kang ora kena tinaker, iya kaya mangkono uga anggoningSun nangkar-nangkarake tedhak turune Dawud lan para wong Lewi, kang ngladeni Ingsun.”
23. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, mangkene:
24. “Apa kang diucapake para wong iku ora sira gatekake: Turun rong kulawarga, kang piniji dening Sang Yehuwah iku wus tinampik dening Panjenengane? Kanthi patrap mangkono wong iku padha ngremehake umatingSun, amarga iku ora dianggep dadi bangsa maneh.
25. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Manawa Ingsun ora nuhoni prasetyaningSun karo rina lan wengi, apadene tataning langit lan bumi,
26. ing kono Ingsun mesthi uga bakal nampik tedhak turune Yakub lan abdiningSun Dawud, temah kendel anggoningSun ngangkat saka tedhak turune, kang padha ngereh marang tedhak turune Abraham, Iskak lan Yakub. Amarga Ingsun bakal mulihake kaanane para wong iku sarta iku bakal padha Sunwelasi.”