1. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia kang kaping pindhone, nalika isih kinunjara ana ing plataraning pajagan, wirasane:
2. “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang nitahake bumi sarana mangun lan njejegake -- Sang Yehuwah iku asmane --:
3. Sesambata marang Ingsun, Ingsun mesthi bakal maringi wangsulan marang sira, lan Ingsun bakal paring sumurup marang sira, prakara-prakara kang gedhe lan kang sinamar, yaiku bab-bab kang ora sira sumurupi.
4. Amarga -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel --, mungguh omah-omah kang ana ing kutha iki lan gedhong-gedhonging kratone Sang Nata ing Yehuda kang dibubrah kanggo nanggulangi tembok-temboking pangepungane mungsuh lan pedhang: